Rabu, 06 November 2013
Bantul – Minangka pratelan
raos syukur dhateng ngarsanipun Gusti Ingkang Hakarya Jagad awit kawilujengan
lan sakathahing asil panen, warga Dhusun Pereng Wetan, Argorejo, Kecamatan
Sedayu, Kabupaten Bantul, dinten Selasa (5/11) siang nggelar upacara merti
dusun. Lampahing upacara kawiwitan kirab budaya, dipun regengaken pentas seni
lan dipun pungkasi pagelaran ringgit purwa sedalu natas, dening dhalang Ki
Sutono Hadisugito.
Ketua Panitia, Sri
Jokoprasetyo, mratelakaken, upacara merti dusun punika kejawi kangge nglestantunaken
lampah adat, ingkang baku minangka sarana monjukaken raos syukur dhateng
ngarsanipun Gusti Ingkang Hakarya Jagad, awit lumubering berkah wujud
kawilujengan lan kathahing asil panen. Lampahing kirab budaya dipun pucuki
dening sepasang wiranem ingkang mbekta kendhi isi toya saking Sendhang Awar
Awar, kalajengaken bregada prajurit, kalih gunungan wulu wedaling bumi,
pamong desa, PKK, jathilan, panakawan lan barisan ibu-ibu tani ingkang
mbekta wulu wedaling tetanen.
Kades Argorejo,
Ngadimin, mratelakaken, upacara ingkang ajeg dipun adani saben taun punika
kejawi kangge nglestantunaken lampah adat, ugi kangge ngangkat daya kaskaya
masyarakat, inggih ing babagan seni budaya, pertanian, kerajinan lan
sapanunggalanipun. Ngadimin ngajab lampahing upacara punika sageda dados
tuladha warga desa sanes, mliginipun saking kalanganing wiranem.


Tidak ada komentar:
Posting Komentar